Sarapan Munthul
Ngene critane,
Jan-jane, isuk mau mbarengi peserta Sagusabu Kelas Semarang aku wes nulis lumayan akeh. Ya sekira ring lembar A4. Ning apes, aku lali sakplengan. Aku langsung nulis neng Gurusiana. WA-ku yo lagi on. Ngadepi tulisanku rampung ono pesen WA mlebu. Saklebatan iku teka priyayi seng takajeni banget.
"Wah mengko gek penting," batinku.
Kebat anggonku mbuka WA. Aku sembrono. Gurusianaku langsung ketutup. Ciloko.
Lha bener tho. Pas aku mbalik maneh, draft tulisanku wes ilang. Durung kesimpen. Jian kojur tenan aku. Yo wes lah aku pasrah. Ora mungkin mbaleni nulis pas lagi ngajar. Lha mau kan aku nulis mbarengi kanca-kanca peserta lagi nulis bebas nganggo jurus mabuk.
Njur terus piye? Yo ora piye-piye. Ra oleh nyerah tho. Dino iki yo kudu tetep nulis ketimbang kudu her, mbaleni ko dina kapisan. Remidi kok didadekne hobi. Wah jan ora berkelas iki. Trainer cap opo aku iki, batinku ngresula.
Akhire demi tidak remidi, ben ora merendahkan harga dan martabat trainer MG, halah mbuh. Neng ndhuwur bis bandara nuju Terminal Purabaya aku nulis cerita Iki. Ning yo ngono basa Jawaku pating pechotot. Jawa standar Solo ora pokro, cara Malangan kanthi osob kiwalane seng moncer ya ora. Basa Jawa gaya Blitar ya wes ambyar. Wes ta lah, aku dewe ya bingung jan-jane basa Jawa seng endi seng tak gawe. Wes semene wae babagan basa Jawa.
Sejatine aku mung arep cerita bab lehku sarapan neng Semarang isuk mau. Ning sek, ojok kesusu suuzan. Aku ora pamer. Blass ora. Masiya asli wong ndesa isin aku yen pamer soal panganan. Mbesok-besok wae yen aku wes nduwe Ferrari opo Lamborghini tak pameri ya. Lek aku lali, ya elingno. Eman.
Sarapanku isuk maeng ki jian mantep. Lek nyilih istilahe bocah-bocah milenial ki mantul, mantap betul. Ngono kui njur Bu Dwi Sujarwati ngongkon putrine Kon moto aku. Cekrik! Eh salah, aku nggaya sek no. Ben kethok ayu. Aku njur mamerke pangananku nganggo garpu. Eh, Bu Reni, kanca panitia Sagusabu Semarang njur alok ngene.
"Bu karo ngomong ngene lho Bu, 'Inyong kencot kiye, sarapan munthul."
Aku nggegek krungu basa inyong-inyongan iki. Lucu. Opo maneh krungu jenenge panganan seng tak cekel. Munthul! Biyun blass gak elit. Ning piye maneh. Rasane uenak. Ki panganan karemanku.
Ning jenenge ki lho. Cek lucune, Ker. Munthul!
Jane panganan opo se iku? Mosok jare Mbak Pipit Puji Astutik seng takpangan ati ayam. Mentah sisan. Jian sadisme kliwatan. Beda maneh karo Mbak Yuli seng ngira jare seng tak pangan buah naga. Jian nggladrah. Naga tekan ngendi kelir ungu ki.
Terus seng bener munthul ki opo? Jo kaget ya takkandhani. Munthul ki tela ungu. Ubi jalar warna ungu. Ngerti?
Wes semene wae ceritaku. Ra sa ngguyu. Luweh becik nggo mikir, apa seh isa ngomong lan nulis ngangga basa Jawa kanthi bener?
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Hihihihi ini bahasa Jawa tak standar
Aku ya baru tadi pagi
Hmmm
Basane sik paham. Jebule munthul kuwi garai ngakak. Asli bu
Hihihi iya i
Wakakakak...hampir salah moco judule..moto wis ngantuk tapi hla kok untung motoku isek iso mbedak'e huruf M kale huruf K ...walah iso gawat aku iki kena semprit....
Lhadalah..Hahaha..
Ha.. Thik ora menganggo basa Indonesiane, keprige kiye, Bun?Uakeh timen sing ga dha mudheng, se?hahaha..
Lha masalah e onok munthul Iki lho
Sedikit demi sedikit meraba" tulisan bahasa Jawa hihihi
Sedikit demi sedikit meraba" tulisan bahasa Jawa hihihi, sedikit paham, alhamdulillah
Hahaha.. asyik dan mantap...
Bun jan mantep tenan munthule
Baru denger aku bun
Munthul sing mantul.. Wkwkwk..
Boten ngertos.
Tak kirone jajan seng pruntul pruntul bentuk e
wah wah... jian bu Isti mantul tenan
Pengen nangis. Ga ngertiiii
lha wong sarapan munthul,kok nggowo lamborghini..ha.ha..kojuur jun,..ojobmu iso ngguyu kuwi..
Ra ngguyu malah senep Iki. Wong Iki sindiran kok. Jane aku njaluk ditukpkne Lamborghini
Munthul tidak terbatas yang ungu, Bu. Semua ketela rambat dalam bahasa Banyumasan ya jadi MUNTHUL. He he...semoga saya tidak salah...
Sip, hidup Bahasa Jawa.
Sip, Bun.
Tulisan bunda hebat, semoga bisa nular ke saya, bisa berbahasa Jawa yang luwes. Oo.. Ternyata munthul artinya ubi ungu. Sungguh indah berbahasa lokal setiap daerah.
Hihihi lagi belajar
Saya orang Jawa, tapi kurang bisa, alhamsulillah asa bahasa daerah di sini jadi ngerti .....
Hahahaha saya baca pelan2 sambil terjemahhin, bener2 kaya lg ujian bun.
Mayan bikin pusing tapi seneng wae
Munthul budin mendoan nylekamin niku bahasane inyong wong banyumas Bu hehehe
Nylekamin Ki opo maning
nylekamin niku wuenakwuenak banget Bu wkwkwkw
Sedih sekali Bu Isti krn saya tdk mengerti.
Sedih sekali Bu Isti krn saya tdk mengerti.
HihihiMaaf
Munthul dadhi manthul...Nopo malih sing bethek ati ayam mentah lan buah Naga... Thek wernane menopo boten jelas.... Wkwkwwkk
Muntulnya masih ada gak Bu, saya mintak!
"Oalah Munthul...dadine Iki awakmu ta, kok meneng wae, Jan Jane ungumu kan marga kelunturan klambiku! Wayahe matur "Kula Niki bolet saking Lamongan."